20 March 2014

ISIN

"Isin", iki koyone wes dadi sebuah kata/jawaban sing paling tepat dan mewakili atas pertanyaan-pertanyaan retoris* & ra penting. Aku kerep nganggo kata iki neng kehidupan sehari-hari. Mengapa??? Yo sebab'e misale aku ditakoni pertanyaan-pertanyaan retoris* ki mau, biyasane males le njawab tur yo prekewuh mbuh le arep njawab kepiye? Mending dijawab wae "isin", timbang ndadak mikir rak yo malah ming ngeceh-ceh pikiran malah soyo ndodro tekan ngendi-endi akhire tibo mburi ming ngapusi alias ndobos.

Contone koyo ngene iki:


Q : Malem minggu kok ora yhang-yhangan bero...?
A : isin.
(iki nek arep dijawab "ra nduwe yhang" ningo kok gengsi, padahal fakta. Arep dijawab "lagi LDR-an" atau dijawab "yhang-ku durung lahir" rak yo malah ming ndobos to...?)

Q : Malem minggu wingi kok kowe ora mangkat ronda to bero...?
A : isin.
(lha iki nek arep dijawab "lagi yhang-yhangan je bero" jelas ra mungkin. Opo arep dijawab "lagi ngewangi bapak mbok-ku ngelapi gendheng & ngepel latar" tep yo ra mungkin. Padahal asline yo ming neng omah lagi nonton balbalan)

Q : Timnas balbalan Indonesia kok kalahan yo bero...?
A : lagi isin paling...

Q : Ngopo yo bero, kok Anisa Chibi metu seko Cherrybelle?
A : lagi isin...
 
(luweh... luweh..., kok kowe malah takon aku, aku ki sopo???)
Mulo yo kuwi mau, jawab wae isin..... Singkat, padat, tur yo ra patio jelas, ben genti sing takon sik mikir.....
Pisan meneh, iki ming contoh lho. Bukan berarti aku iki jomblo, tapi yo bukan berarti aku nduwe yhang.....lah podho wae #pitikih

 *pertanyaan retoris kuwi pertanyaan sing ra perlu ono jawaban'e. Conto : Anda ingin kaya raya? Anda ingin hidup bahagia lahir batin? Nah, pertanyaan koyo ngono kui kan kabeh uwong normal mesti yo gelem. Duhhh malah koyo wong MLM......... Anda ingin punya rumah mewah dan kapal pesiar?.......

No comments:

Post a Comment