08 November 2013

KESET KOK KOYO ANDHUK :|

Sawijining ndino halah. Sore-sore menjelang maghrib, aku bar mulih seko olahraga (baca: nonton wong voli). Tekan ngomah langsung waton nyaut andhuk terus adus. Lha bar adus lagi sadar ternyata kok andhuk'e cilik tur anyar wong isih ono label toko'ne. Ndilalahe simbok yo lagi neng pawon, terus tak takoni:



Aku : Iki andhuk'e sopo yo Mbok? Kok isih anyar?
Simbok : Kuwi udu andhuk, kuwi ki keset jeeee.....
Aku : ^%$#@(*&%&^%#@&^%$%$
(aku langsung pucet, mata berkunang-kunang, cangkem ngumpluk, terus semaput) eh ora nding.

Tak tilik'i label nggon andhuk ternyata ono tulisane indomaret. Wooo jancuk indomaret ki, dodolan keset kok koyo andhuk, njaluk diantemi sisan po? Tapi ra popo, untung'o andhuk'e (eh, keset nding) isih anyar. Lha biasane andhukku sing koyo keset je, malah iki ono keset koyo andhuk. #suog





*aku ora arep iklan lho iki, hambok sumpah*

No comments:

Post a Comment